Pembelajaran Dalam Bahasa Jawa (BAB I)

BAB I
PURWAKA BASA
Wawandaning Perkawis
Sakmenika basa Jawi kapetang basa ingkang lumayan kathah dipunengge dening warga Indonesia, uga warga Jawi piyambak. Kawontenan menika kedah dipunjagi lan, menawi saget, derajat ingkang sampun dipungayuh menika dipunjunjung langkung inggil malih. Kathahing panganggep bilih para wiranom (generasi muda) basa Jawinipun risak, kaco, ngawur lan kathah sebutan sanesipun.
Basa Jawi menika kedah dipun langgengaken. Menawi saget, malah dipuninggilaken. Boten wonten ingkang langkung rumaos remen ing penggalih kejawi tiang Jawi minangka warga tlatah asal mulanipun basa kasebat mbok menawi teng satunggaling mangsa mangke basa Jawi saget jaya ing jagad raya.
Kangge nanggulangi bab menika, kita calon guru perlu ningkataken wawasan lan kaprigelanipun ing nyinaoni basa Jawi supados saged mbimbing siswa-siswa kanthi sae, supados saged nglestarikake lan ngrembaka ing basa lan budaya Jawi.
Saderengipun damel cagak temtu masang pondasi langkung rumiyin. Menawi pondhasinipun kukuh lan bakuh, temtu cagak dalah sedaya wewangunan wau saget ngadeg jejeg kukuh lan santosa. Pondhasi tumrap ngrembaka lan lestarining Basa Jawi inggih menika pamulangan Basa Jawi ingkang leres. Kangge nglaksanakaken pamulangan Basa Jawi ingkang leres, kita selaku calon guru ing pawiyatan dasar, ingkang samangke ugi mucal Basa Jawi kedah mangertos pripun piwulang Basa Jawi ingkang leres.
Salah setunggaling materi Basa Jawi ing pawiyatan dhasar inggih menika bab Kasusastran Jawi. Mucal kasusastran Jawi ing pawiyatan dhasar kalebet tasih angel, amargi cacahipun kasusastran Jawi kathah sanget, lan siswa-siswa SD dereng saged mbentenaken kanthi leres.
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken perkawis Piwulangan Kasusastran Jawi, ngenani bab Sanepa. Babagan sanepa minangka salah setunggalipun kasusastran Jawi miturut kula saged kagem tuladha piwulangan Kasusastran Jawi ing pawiyatan dasar. Kanthi panulisan makalah ngenani piwulangan kasusastran Jawi ing pawiyatan dhasar menika saged ndadosaken kita, mahasiswa PGSD, calon guru SD, boten kagok lan bingung menawi mucal wonten SD mangke.
Momoting Perkawis
Miturut wawandaning perkawis ing nginggil wahu, pramila saged dipunaturaken momoting perkawis inggih menika:
1.      Punapa ingkang kasebat Kasusastran Jawi punika?
2.      Pripun piwulang Sanepa ingkang saged diginakaken wonten Pawiyatan Dasar?
Ancasing Perkawis
Miturut momoting perkawis ingkang samput kasebat ing inggil, saged dipunaturaken ancasing perkawis inggih menika:
1.      Kangge mangertosi punapa ingkang kasebat Kasusastran Jawi, 
2.   Kangge mangertosi piwulang Sanepa ingkang saged diginakaken wonten Pawiyatan Dasar.
Description: Pembelajaran Dalam Bahasa Jawa (BAB I)
Rating: 4.5
Reviewed by: Rumah Makalah
On: 22.20.00
TOP