Pembelajaran Dalam Bahasa Jawa (BAB II Dan III)

BAB II
SURASA BASA
Kasusastran Jawi
Tembung Kasusastran dumadi saking (ater-ater) ka-susastra-an (panambang); tembung susastra, dumadi saking tembung su+sastra. Tembung sastra dumadi saking wod sas-tegesipun mulang, ngajar, ngandhani, utawi nggulawentah. Imbuhan-tra tegesipun piranti, alat, utawi sarana. Tembung sastra saking tembung Jawi kina çastra tegesipun hukum utawi pranatan; ing Jawi enggal tembung sastra tegesipun sarana utawi piranti kangge mulang. Teges kalawau dangu-dangu ngalami ewah-ewahan utawi owah gingsir; inggih menika mujudaken salah setunggaling sarana utawi piranti kangge memulang. Mekaripun surasa lan tegesipun tembung sastra kalawau, satemah anggadahi teges menapa kemawon ingkang dipunserat. Sedaya ingkang kaserat, dipunwedhar sarana basa, karumpaka kanthi olahing budhi saha pikiranipun manungsa. Wohipun cipta saha budinipun manungsa ingkang kawedhar sarana basa utawi karacik kanthi wujudipun tulisan utawi basa lisan menika kalebet ewoning sastra.
Wansa su- tegesipun sae, becik, utawi endah: dados tembung susastra ateges sastra ingkang sae, becik, utawiendah. Kanthi adhedhasar mulabukanipun utawi etimologi tembung kalawau, kasusastran tegesipun wohing pamikir saha budinipun manungsa ingkang awujud racikanipun basa lesan utawi tulisan ingkang ngemu kaendahan. Pramila berayan Jawi sami anganggep bilih basa lan sastra Jawi menika mujudaken peranganipun budaya ingkang adiluhung.
Kasusastran menika mujudaken satunggaling sarana kangge nyumerepi saha mengertosi babagan tatakrama, subasita, unggah-ungguh, miwah gegayuhanipun bebrayan agung; kalebet kasusastran Jawi menika mujudaken peranganing kabudayan lan kabudayan dumadi saking kapitadosan, tatacara, lan upacara adat, cipta rasa budi karsa, saha sedaya gegayuhaning bebrayan ingkang tansah dipunwarisaken utawi dipunturunaken dhumateng para putra wayah, kalebet kita minangka calon guru SD kedah nyinau kasusastran Jawi kanthi leres.
Piwulang Sanepa ing Pawiyatan Dasar
1.       Standar Kompetensi lan Kompetensi Dasar
Piwulang Sanepa ing Pawiyatan Dasar anggadahi SK lan KD inggih menika:
Standar Kompetensi:
Siswa bisa mangerteni tembung sanepa, ngrucat tembung, ndapuk ukara kanti bener, ngangsu kawruh basa babagan pepindhan, panyandra lan kasusastran jawa bab pedalangan.
Kompetensi Dasar:
Paramasastra 
a.      Mangerteni Sanepa 
b.      Mangerteni ngrucat tembung 
c.       Mangerteni dhapuk ukara
Kawruh Basa 
d.      Mangerteni pepindhan lan tembung panyandra
Kasusastran 
e.       Paring apresiasi marang susastra Jawa babagan pedhalangan
2.       Indikator lan Ancasing Piwulang
Menawi indikator saged kaperang inggih menika:
Paramasastra 
a.       Siswa paring pangertene sanepa 
b.      Siswa paring tuladha tembung sanepa 
c.       Siswa paring pangertene ngrucat tembung 
d.      Siswa paring tuladha ngrucat tembung 
e.       Siswa paring pangertene dhapuk ukara 
f.       Siswa paring tuladha carane dhapuk ukara
Kawruh Basa 
g.      Paring pangertene pepindhan lan tembun panyandra 
h.      Aweh tuladha carane dhapuk ukara
Kasusastran 
i.        Paring pangertene marang susastra Jawa babagan pedhalangan 
j.        Mangsuli pitakon babagan susastra pedhalangan
Ancasing piwulang ingkang dipunkarepaken inggih menika:
Paramasastra 
a.       Siswa saged paring pangertene sanepa 
b.      Siswa saged paring tuladha tembung sanepa 
c.       Siswa saged paring pangertene ngrucat tembung 
d.      Siswa saged paring tuladha ngrucat tembung 
e.       Siswa saged paring pangertene dhapuk ukara 
f.       Siswa saged paring tuladha carane dhapuk ukar
Kawruh Basa 
g.      Siswa bisa ngidentifikasi pepindhan lan tembun panyandra 
h.      Siswa bisa aweh tulada carane dhapuk ukara
Kasusastran 
i.        Siswa bisa ngidentifikasi susastra Jawa babagan pedhalangan 
j.        Siswa bisa mangsuli pitakon babagan susastra pedhalangan
3.      Materi Piwulangan
Paramasastra 
a.       Sanepa 
b.      Ngrucat tembung 
c.       Dhapuk ukara
Kawruh Basa 
d.      Pepindhan lan tembun panyandra
Kasusastran 
e.       Pedhalangan
4.      Lelampahan Piwulangan
Dene wonten ing ngajeng wau sampun kasebat SK, KD, indikator, tujuan, saha materi, amargi sampun patokan saking silabus (silabus kalampir), ing mriki badhe dipunjlentrehaken piwulangan babagan sanepa kemawon.
           a.       Kegiatan Awal
1)    Guru paring apersepsi marang siswa, inggih menika guru paring pitakenan lisan marang siswa ngenani napa kemawon ingkang sampun dimangertosi siswa ngenani sanepa.
2)     Guru njlentrehaken ancasipun piwulang sanepa menika marang siswa.
           b.      Kegiatan Inti
            Elaborasi
1)  Guru paring salah setungalipun tuladha sanepa lajeng paring pitakenan marang siswa ngenani pangertenipun sanepa menika, siswa mangsuli pitakenanipun guru.
2)     Guru paring pangerten ngenani sanepa saha tuladhanipun marang siswa (materi kalampir).
3)    Guru paring tugas marang siswa kangge ndamel setunggal utawi kalih tembung ingkang ngemu ukara sanepa, sarta menehi pangertenipun saking tembung ingkang didamel siswa.
4)    Lajeng tembung ingkang sampun didamel siswa dipunpresentasikaken ing ngajeng kelas. Guru nunjuk 4 – 6 siswa kangge maju satunggal-setunggal.
5)    Siswa ingkang dereng angsal kasempatan presentasi saged ngempalaken tembung ingkang dipundamel.
Eksplorasi
1)  Kelas dipunbagi dados kelompok ingkang kaperang 2 siswa, bisa saking kanca sak bangkune.
2)   Guru paring tugas kelompok marang siswa kangge damel pacelathon ingkang ngemu paling boten 3 utawi 4 sanepa.
3)   Menawi siswa sampun purna damel pacelathon, guru nunjuk 8 nganti 10 kelompok kangge mraktekaken pacelathonipun.
4)     Siswa ingkang ditunjuk inggih menika siswa ingkang dereng maju nalika tugas individu.
5)     Pacelaton ingkang boten sempet dipraktekake lajeng dikempalaken.
Konfirmasi
1)  Guru nyerat salah setunggal tuladha sanepa, lajeng nunjuk siswa kangge mangsuli pangertenipun sanepa punika.
2)     Guru kaliyan siswa damel kesimpulan ngenani sanepa
           c.       Kegiatan Akhir
1)      Siswa nggarap soal latihan, lajeng dikempalaken (lembar tugas kalampir).
2) Guru paring informasi ngenani materi ingkang badhe diucal wonten pertemuan salajengipun.
3)     Guru nutup pawulangan.
            d.      Penilaian
                 Penilaianipun saking tes (seratan), lan non tes (lisan, paraga). Instrumenipun ngangge lembar tugas utawi evaluasi kangge tes, lan lembar penilaian kangge evaluasi lisan lan peraga (lembar penilaian kalampir).
Wasana Basa
Kasusastran Jawi minangka salah stunggalipun budaya Jawa kedah tansah dipunlestarikaken, utamanipun saking kita kiyambak minangka calon guru ing pawiyatan dasar. Supados samangke menawi mucal wonten pawiyatan dasar, saged kanthi leres lan sae mbimbing siswa-siswa nyinau basa Jawi, lan nglestarikake saha ngrembakakaken budaya Jawi.
Sanepa minangka salah setunggaling jinis kasusastran uga perlu diwulangaken ing pawiyatan. Piwulang sanepa ing pawiyatan dasar, inggih menika wonten kelas 6 semester 1, saged kalakon ing metode ceramah, pawenehan tugas, diskusi, kerja kelompok, pitakon lan wangsalan, lan sakpinunggalanipun. Ing piwulang sanepa saha piwulang kasusastran jawi sanesipun, kedah ngajak siswa aktif wonten pamulangan supados siswa saged mangertos ngenani materi ingkang dipunucal, lan ancasing pawulang saged kawujud. Penilaian utawi assesmen ugi kedah kalakok kanthi komprehensif. Inggih menika boten namung saking ulangan lan tugas, naging uga presentasi lan proses nalika nggarap tugas iku.
Menawi mangke kita dados guru wonten pawiyatan dasar lan saged mucal kanthi sae lan leres, mangka siswa saged mangertos lan paham punapa materi ingkang disampekake, saengga palestarenipun basa lan budaya Jawi saged kalakon kanthi lancar.

Kapustakan
Sutardjo, Imam. 2008. Kawruh Basa Saha Kasusastran Jawi. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra Dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret Surakarta.
Description: Pembelajaran Dalam Bahasa Jawa (BAB II Dan III)
Rating: 4.5
Reviewed by: Rumah Makalah
On: 11.39.00
TOP